Memayu Hayuning Bawana
Memayu hayuning bawana, mengandung banyak pengertian dari setiap pandangan dan juga pemikiran setiap orang . Dalam pengertian sederhana adalah menyempurnakan/mempercantik indahnya dunia dan jagad dimana manusia berpijak dan menghirup udaranya, bumi dimana langit memayungi setiap manusia, semesta alam dengan segala isinya.
Masih banyak pengertian dari setiap orientasi yang berbeda juga. Maksud dari menyempurnakan indahnya/cantiknya dunia antara lain menyempurnakan tata nilai kehidupan. Banyak cara demi menyempurnakan tata nilai dari kehidupan manusia, baik sosial budaya maupun relijius.
Berikut adalah pengejawantahan Hamemayu hayuning bawana secara filosofi jawa
TEMBUNG “amemayu” iku tembung andhahan sing asale saka tembung lingga “hayu” sing sok kelangan h-ne dadi “ayu”. Tembung andhahan “amemayu” iku ater-atere (h)a- lan swara irung
bunyi sengau kang digandhengake karo tembung dwilingga hayu-hayu
utawa ayu-ayu dadi “amahayu-hayu” sing diringkes dadi “amamayu”.
Ater-ater (h)a- kuwi uga asring ilang mung kari swara irunge bae, dene vokal a sing ana tengah ngalami disimilasi dadi e (pepet), mula banjur dari memayu. Tembung kang proses pangribage padha karo amemayu utawa memayu yaiku amemangun utawa memangun.
“Amemayu” iku tembung kriya sing tegese ngupadaya supaya tansah “ayu”. Dadi, “memayu hayuning bawana” iku tumindak utawa tandang gawe sing tundhone bisa gawe raharjaning donya. Bebuden kang becik utawa bebuden kang luhur, iku ya mung bebuden kang dadi sumbering tumindak kang tumuju marang karahayon.
Ana sing kagungan pamanggih menawa “memayu hayuning bawana” iku sesanti kang mokal lan angel cak-cakane. Lha wong lagi “memayu hayuning kulawarga” utawa “memayu hayuning bebrayan” bae ora gampang, kok arep “memayu hayuning bawana” utawa hayuning jagad!
Kalender
Arsip
- May 2008 (1)
- April 2008 (1)
- February 2008 (2)
- January 2008 (1)
- November 2007 (2)
- October 2007 (2)

suket